Home » » Mungkasi Pawiyatan Badhe Kondur

Mungkasi Pawiyatan Badhe Kondur

 

Mungkasi Pawiyatan Badhe Kondur

 

Moderator

 

 

Seserepan kawawas cekap mongga kadang siswa piket bp./ibu……………… kula aturi mungkasi pawiyatan ing ari menika kanthi manungku puja.

 

Siswa  piket

:

Ngadhep sedaya kadang siswa sekelas lajeng sembah kalbu,  dipun tanggapi sedaya siswa kanthi sembah kalbu. 

Salajengipun siswa ingkang piket  matur :

as.wr.wb.

Para kadang siswa ingkang bagya mulya,                                     

Seserepan ing ari menika sampun purna pramila saderengipun kondur,  sumongga manungku puja wonten ngarsanipun Gusti ingkang hamurbeng dumadi

Kanthi ageng ing pangajab mugi mugi lampah kondur panjenengan sedaya saha kula selamet widada kalis ing sambekala, pinanggih malih kaliyan kulawarga kanthi bagya mulya,  aamiin

Wondene kula …. ingkang piniji ing gati ndherekaken lampahing seserepan nglenggana wonten cicir cewet kuciwaning atur hamung nyadhong lumunturing jalanidhi pangaksami.

 

:

Sumangga kula dherekaken jumeneng saperlu manungku puja, ngenut agama saha kapitadosan panjenengan sowang-sowang.

 

Manungku puja kawiwitan ! …. Manungku puja purna.

 

Bibaran

:

Siswa ingkang piket Sembah kalbu , dipun tanggapi dening sedaya kadang sekelas

Purna sembah kalbu ngendika : Ws.wr.wb.

sugeng kondur.................(.lajeng bibaran )

 

Menika tuladha prasaja saged dipun ewah ingkang langkung sae

0 comments:

Post a Comment

Popular Posts