Home » » TULADHA MURWAKANI & MUNGKASI PAWIYATAN Bregada 31

TULADHA MURWAKANI & MUNGKASI PAWIYATAN Bregada 31

 

TULADHA MURWAKANI & MUNGKASI  PAWIYATAN Bregada 31

MURWAKANI PAWIYATAN

Moderator

 

 

Nuwun sewu ngaturi pirsa bilih wekdal sampun dumugi titi wanci pawiyatan badhe kawiwitan mongga para kadang ingkang tasih wonten njawi  katuran mlebet lenggah kanthi prayogi.

( menawi sedaya sampun siyaga moderator paring sasmita dumateng siswa piket saperlu matur bp.dwija)

 

 

Badhe nampi seserepan

 

Siswa /S

:

Wakil Siswa ingkang piket Jumeneng  ngadhep Dwija  lajeng  sembah kalbu.                                                                                                                                

Dwija/D

:

dwija jumeneng   ananggabi ugi kanthi sembah kalbu

D & S

 

Purna sembah kalbu Dwija saha  wakil Siswa  tasih aben ajeng (adhep-adhepan ngapurancang ) sinambung siswa matur dumateng  bp.dwija

Siswa matur

:

Bp. Dwija .......keparengna kula matur bilih   para kadang siswa sampun  siyaga hanampi seserepan.

Dwija

:

Sumangga   seserepan badhe enggal kula aturaken dhumateng  para kadang siswa

Siswa

:

Injih matur nuwun siyaga bapa !

D & S

 

Sasampunipun  siswa matur lajeng  sembah kalbu sumusul dwija ananggapi sembah kalbu,   

Dwija lajeng lenggah malih ing palenggahan sakawit                                                                                                                                                                                      

Siswa

:

Siswa ingkang piket lajeng  ngadhep sedaya kadang siswa sekelas.

Kanthi sembah kalbu lajeng dipun tanggabi sedaya siswa sekelas ugi sembah kalbu.

Purna sembah kalbu siswa piket matur.

 

Siswa

matur

:

:................. as.wr.wb...................

 

Para kadang  kinasih  kakung miwah putri  ingkang satuhu luhuring budi.

Sumangga kula dherekaken jumeneng sawetawis.

 

Saderengipun hanampi seserepan saking bapa dwija langkung rumiyin sumangga kula dherekaken  manungku puja, ing ngarsa dalem Gusti ingkang maha mirah, ngenut agama saha kapitadosanipun  sowang-sowang,

Kanthi pangajab murih pawiyatan ing ari menika kaleksanan wilujeng tanpa pambeng rahayu tanpa reridhu.

:

 

Manungku puja kawiwitan !........................manungku puja purna. !

:

Sedaya  kula dherekaken lenggah malih wonten palenggahan sakawit.

ws.wr.wb.

siswa piket sembah kalbu lajeng lenggah ing palenggahan sakawit.

 

Moderator

 

 

Sumangga bp. Dwija ………….kasuwun  anggenipun  paring seserepan

                                                                                                                                                                         Menika tuladha prasaja saged dipun ewah ingkang langkung sae

0 comments:

Post a Comment

Popular Posts